WULANG REH

WULANG REH
Pakubuwana IV

I. Dhandhanggula

1.
Pamedhare wasitaning ati,
Cumanthaka aniru pujangga,
Dahat mudha ing batine,
Naging kedah ginunggung,
Datan wruh yen akeh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Tutur kang katula-tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita.

2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
Mapan ewuh yen ora weruha,
Tan jumeneng ing uripe,
Akeh kang ngaku-aku,
Pangrasane sampun udani,
Tur durung wruh ing rasa,
Rasa kang satuhu,
Rasaning rasa punika,
Upayanen darapon sampurna ugi,
Ing kauripanira.

3.
Jroning Kuran nggoning rasa yekti,
Nanging ta pilih ingkang uninga,
Kajaba lawan tuduhe,
Nora kena denawur,
Ing satemah nora pinanggih,
Mundhak katalanjukan,
Temah sasar susur,
Yen sira ayun waskitha,
Sampurnane ing badanira puniki,
Sira anggugurua.

4.
Nanging yen sira ngguguru kaki,
Amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing kukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawewehing lyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.

5.
Lamun ana wong micareng ngelmi,
Tan mupakat ing patang prakara,
Aja sira age-age,
Anganggep nyatanipun,
Saringana dipun baresih,
Limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
Dalil kadis lan ijemak,
Lan kiyase papat iku salah siji,
Anaa kang mupakat.

6.
Ana uga kena denantepi,
Yen ucul saka patang prakara,
Nora enak legetane,
Tan wurung tinggal wektu,
Panganggepe wus angengkoki,
Aja kudu sembahyang,
Wus salat katengsun,
Banjure mbuwang sarengat,
Batal karam nora nganggo denrawati,
Bubrah sakehing tata.

7.
Angel temen ing jaman samangkin,
Ingkang pantes kena ginuronan,
Akeh wong jaja ngelmune,
Lan arang ingkang manut,
Yen wong ngelmu ingkang netepi,
Ing panggawening sarak,
Den arani luput,
Nanging ta asesenengan,
Nora kena den wor kakarepaneki,
Papancene priyangga.

8.
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
Mapan guru ingkang golek sabat,
Tuhu kuwalik karepe,
Kang wus lumrah karuhun,
Jaman kuna mapan si murid,
Ingkang padha ngupaya,
Kudu angguguru,
Ing mengko iki ta nora,
Kyai guru naruthuk ngupaya murid,
Dadiya kanthinira.

II. Kinanthi

1.
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi,
Pesunen sariranira,
Sudanen nadhah lan guling.

2.
Dadiya lakunireku,
Cegah dhahar lawan guling,
Lan aja kasukan-sukan,
Anganggowa sawetawis,
Ala wateking wong suka
Nyuda prayitnaning bathin

3.
Yen wis tinitah wong agung,
Aja sira nggunggung dhiri,
Aja leket lan wong ala,
Kang ala lakunireki,
Nora wurung ngajak-ajak,
Satemahan anunulari.

4.
Nadyan asor wijilipun,
Yen kalakuwane becik,
Utawa sugih carita,
Carita kang dadi misil,
Iku pantes raketana,
Darapon mundhak kang budi.

5.
Yen wong anom pan wus tamtu,
Manut marang kang ngadhepi,
Yen kang ngadhep akeh bangsat,
Datan wurung bisa juti,
Yen kang ngadhep keh durjana,
Nora wurung bisa maling.

6.
Sadajan ta nora milu,
Pasthi wruh solahing maling,
Kaya mangkono sabarang,
Panggawe ala puniki,
Sok weruha nuli bisa,
Yeku panuntuning eblis.

7.
Panggawe becik puniku,
gampang yen wus denlakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den-lakonana,
mupangati badaneki.

8.
Lan wong anom-anom iku,
Kang kanggo ing masa iki,
Andhap-asor dipunsimpar,
Umbag gumunggung ing dhiri,
Obrol umuk kang den-gulang,
Kumenthus lawan kumaki.

9.
Sapa sira sapa ingsun
Anggalunyat sarta edir
Iku lalabete uga
Nom noman adoh wong becik
Emoh anggrungu carita
Carita ala lan becik

10.
Carita pan wus kalaku
Panggawe ala lan becik
Tindak bener lan kang ora
Kalebu jro cariteki
Mulane aran carita
Kabeh kabeh den kawruhi

11.
Mulane wong anom iku,
Becik ingkang ataberi,
Jejagongan lan wong tuwa,
Ingkang sugih kojah ugi,
Kojah iku warna-warna,
Ana ala lan becik.

12.
Ingkang becik kojahipun,
Sira anggoa kang pasti,
Ingkang ala singgahana,
Aja sira anglakoni,
Lan den-awas wong akojah,
Iya ing masa puniki.

13.
Akeh wong kang sugih wuwus
Nanging den sampar pakolih
Amung badane priyangga
Kang den pakolihken ugi
Panastene kang den umbar
Tan na nganggo sawatawis

14.
Aja na wong bisa tutur
Ngemungna ingsun pribadi
Aja na kang amamadha
Angrasa pinter pribadi
Iku setan nunjang nunjang
Tan pantes dipunpareki

15.
Sikokna den kaya asu,
Yen wong kang mangkono ugi
Dahwen open nora layak
Yen sira sandhingan linggih
Nora wurung katularan
Becik singkirana ugi

16.
Poma poma wekasingsun
Mring kang maca layang iki
Lahir bathin den estokna
Saunine layang iki
Lan den bekti mring wong tuwa
Ing lahir prapta ing batin

III. Gambuh

1.
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

2.
Aja nganti kabanjur
Sabarang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan bejik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

3.
Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

4.
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh

5.
Si kidang umbagipun
Angandelken kebat lumpatipun
Pan sigajah ngadelaken geng ainggil
Ula ngandelaken iku
Mandine kalamun nyakot

6.
Iku umpamanipun
Aja ngandelaken sira iku
Suteng nata iya sapa ingkang wani
Iku ambege wong digung
Ing wusana dadi asor

7.
Adiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipundheweki
Sapa pinter kaya ingsun
Tug ing prana nora injoh

8.
Ambeg adigang iku
Ngandelaken ing kasuranipun
Para tantang candhala anyenyampahi
Tinemenan nora pecus
Satemah dadi geguyon.

9.
Ing wong urip puniku
Aja nganggo ambeg kang tetelu
Anganggoa rereh ririh ngati-ati
Den kawangwang barang laku
Den waskitha solahing wong

10.
Dene katelu puniku
Sikidang suka ing patinipun
Pan sigajah alena patine reki
Si ula patinipun
Ngandelaken upas e mandos

11.
Katelu nora patut
Yen tiniru mapan dadi luput
Titikane wong anom kurang wewadi
Bungah akeh wong anggunggung
Wekasane kajolomprong

12.
Yen wong anom puniku
Kakehan pangunggung dadi kamprung
Pengung bingung wekasane pan angoling
Yen dengunggung muncu muncu
Kaya wudun meh mecothot

13.
Ing wong kang padha nggunggung
Pan sepele iku pamrihipun
Mung warege wadhuk kalimising lathi
Lan telesing gondhangipun
Ruruba alaning wong

14.
Amrih pareka iku
Yen wus kanggep nuli gawe umuk
Pan wong akeh sayektine padha wedi
Tan wurung tanpa pisungsung
Adol sanggup sakehing wong

15.
Yen wong mangkono iku
Nora pantes cedhak mring wong agung
Nora wurung anuntun panggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkono didhedheplok

16.
Aja kakehan sanggup
Durung weruh tuture angupruk
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi
Pangrasane keh wong nggunggung
Kang wis weruh amalengos

17.
Aja nganggo sireku
Kalakuan kang mangkono iku
Datan wurung tinitenan den cireni
Mring pawong sanak sadulur
Nora nana kang pitados

IV. Pangkur

1.
Kang sekar pangkur winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den kaesthi siyang ratri

2.
Duduga lawan prayoga
Myang watara riringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra
Duga duga nora kari

3.
Muwah ing sabarang karya
Ing prakara gedhe kalawan cilik
Papat iku datan kantun
Kanggo sadina-dina
Lan ing wengi nagara muwah ing dusun
Kabeh kang padha ambegan
Papat iku nora kari

4.
Kalamun ana manungsa
Anyinggahi dugi lawan prayogi
Iku watek-e tan patut
Awor lawan wong kathah
Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur
Aja sira pedhak pedhak
Nora wurung neniwasi

5.
Mapan wateke manungsa
Pan ketemu ing laku lawan linggih
Solah muna-muni nipun
Pan dadya panengeran
Kang apinter kang bodho miwah kang luhur
Kang asor lan kang mlarat
Tanapi manungsa sugih

6.
Ngulama miwah maksiyat
Wong kang kendel tanapi wong kang jirih
Durjana bobotoh kaum
Lanang wadon pan padha
Panitik-ing manungsa wawatekipun
Apadene wong kang nyata
Ing pangawruh kang wis pasthi

7.
Tinitik ing solah bawa
Muna muni ing laku lawan linggih
Iku panengeran agung
Winawas ginrahita
Pramilane ing wong kuna kuna iku
Yen amawas ing sujanma
Datan amindho gaweni

8.
Ginulang sadina dina
Wiwekane mindeng basa basuki
Ujub riya kibiripun
Sumungah tan kanggonan
Mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung
Ujar sirik kang rineksa
Kautaman ulah wadi

9.
Ing mangsa mengko pan arang
Kang ketemu ing basa kang basuki
Ingkang lumrah wong puniku
Drengki drohi lan dora
Iren miren panasten dahwen kumingsun
Opo ne nora prasaja
Jahil muthakil mbesiwit

10.
Alaning liyan den andhar,
Ing beciking liyan dipun simpeni
Becik e dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong kang mangkono wateknya
Nora pantes den pedhak i

11.
Iku wong durbala murka
Nora nana marem e ing jro ati
Sabarang karepanipun
Nandyan wis-a katekan
Kekarepane nora marem saya mbanjur
Luamah lawan amarah
Iku kang den tut wuri

12.
Ing sabarang tingkah polah
Yen angucap tanapi lamun linggih
Sungkan kasor ambeg ipun
Pan lumuh kaungkulan
Ing sujanma pangrasane dhewek ipun
Pan nora ana kang amandha
Angrasa luhur pribadi

13.
Aja nedya katempelan
Ing wewatek kang tan pantes ing budi
Watek rusuh nora urus
Tunggal lawan manungsa
Dipun sami karyo lelabuhan kang patut
Darapon dadi tuladha
Tinuta ing wuri wuri

14.
Aja lonyo lemer genjah
Angrong pasanakan nyumur gumuling
Ambuntut arit puniku
Watekan tan raharja
Pan wong lonyo nora kena dipun enut
Monyar manyir tan antepan
Dene lemeran puniki

15.
Para pinginan tegesnya
Genjah iku cecegan barang kardi
Angrong pasanak lir-ipun
Remen olah miruda
Mring rabine sadulur miwah ing batur
Mring sanak myang pasanakan
Sok senenga den rawuhi

16.
Nyumur gumuling tegesnya
Ambelawah datan duwe wewadi
Nora kena rubung rubung
Wewadine kang wutah
Mbutut arit punika pracekanipun
Abener ing pangarepan
Nanging nggarethel ing wuri

17.
Sabarang kang dipun ucap
Nora wurung amrih oleh pribadi
Iku labuhan tan patut
Aja anedya telad
Mring watekan nenem prakara puniku
Sayogyane ngupaya a
Lir mas tumimbul ing warih

V. Maskumambang

1.
Nandyan silih bapa biyung kaki nini,
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den-nuta

2.
Apan kaya mangkono watekan iki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watek tan becik
Miwah tindak tan prayoga

3.
Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah tindake prayoga

4.
Iku pantes sira tirua ta kaki
Miwah bapa biyang
Kang muruk watek kang becik
Iku kaki estokena

5.
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi,
Pan nemu duraka,
Ing donya tumekeng akhir,
Tan wurung kasurang – surang.

6
Maratani mring anak putu ing wuri,
Den padha prayitna,
Aja na kang kumawani,
Ing bapa tanapi biyang.

7
Ana uga etang etangane kaki,
Lelima sinembah,
Dununge sawiji-wiji,
Sembah lelima punika.

8
Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih,
Marang maratuwa,
Lanang wadon kang kaping tri,
Ya marang sadulur tuwa.

9
Kaping pat ya marang guru kang sayekti,
Sembah kaping lima,
Ya marang Gustinireki,
Parincine kawruhana.

10
Pramila rama ibu den bekteni,
Kinarya jalaran,
Anane badanireki,
Kinawruhan padhang hawa.

11
Uripira pinter samubarang kardi,
Saking ibu rama,
Ing bating saking Hyang Widdhi,
Milane wajib sinembah.

12
Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi,
Kinarya lantaran,
Ana ing dunya puniki,
Nyalaki becik lan ala.

13
Saking ibu rama margane udani,
Miwah maratuwa,
Lanang wadon den bekteni,
Aweh rasa ingkang nyata.

14
Sajatine rasa kang mencarke wiji,
Sembah kaping tiga,
Mring sadulur tuwa ugi,
Milane sadulur tuwa.

15
Pan sinembah gegantining rama ugi,
Pan sirnaning wong tuwa,
Sadulur tuwa gumanti,
Inkang pantes sira nuta.

16
Iba warah wuruke ingkang prayogi,
Sembah kang kaping pat,
Marang ing guru sayekti,
Marmane guru sinembah.

17
Kang pituduh marang marganing ngaurip,
Tumekeng antaka,
Madhangken petenging ati,
Mbeneraken marga mulya.

18
Wong duraka ing guru abot sayekti,
Mila den prayitna,
Minta sih siyang ratri,
Ywa nganti suda sihira.

19
Kaping lima dununge sembah puniki,
Mring Gusti kang Murba,
Ing pati kalawan urip,
Paring sandhang lawan pangan.

20
Wong neng dunya wajib manuta mring Gusti,
Lawan para lurah,
Sapratingkahe den esthi,
Aja dumeh wis awirya.

21
Nora putra santana wong cilik,
Pan padha ngawula,
Pan kabeh namani abdi,
Yen dosa kukume padha.

22
Yen rumasa putra santana sireki,
Dadine tyasira
Angenira sayekti,
Tan wurung anemu papa.

23
Angungasken putra sentananing Aji,
Iku kaki aja,
Wong suwita nora becik,
Kudu wruh ing karsanira.

24
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati,
Barang pituduhnya,
Poma estokna sayekti,
Karyanira sungkemana.

25
Aja menceng saprintahe sang siniwi,
Den pethel aseba
Aywa malincur ing kardi,
Lan aja ngepluk sungkanan.

26
Luwih ala alane ing wong ngurip,
Wong ngepluk sungkanan
Tan patut ngawuleng Gusti,
Ngengera sepadha-padha.

27
Nadyan ngenger neng biyungira pribadi,
Yen karya sungkanan
Nora wurung den srengeni,
yen luput pasti pinala.

28
Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti,
Kalamun leleda,
Tan wurung bilahi,
Ing wuri aja ngresula.

29
Pan kinarya dhewe bilahinireki,
Lamun tan temene,
Barang pakaryane Gusti,
Lahir batin ywa suminggah.

30
Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi,
Sanak prasanakan,
Tanapi garwa kekasih,
Pan mung bener agemira.

31
Kukum adil pan mung iku kang kaesthi,
Mulata pan padha
Den rumeksa marang Gusti,
Endi lire wong rumeksa.

32
Dipun gemi nastiti lan ngati-ati,
Gemi mring kagungan,
Ing Gusti ywa sira wani,
Anggegampang lawan aja.

33
Wani-wani nuturken wadining Gusti,
Den bisa rerawat,
Ing wewadi sang siniwi,
Nastiti barang parentah.

34
Ngati-ati ing rina kalawan wengi,
Ing rumeksanira,
Lan nyandhang karsaning Gusti,
Duduke wuluh kang tampa.

VI DUDUK WULUH

1
Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh,
Nora kena minggrang-minggring,
Kudu mantep karyanipun
Setya tuhu marang Gusti,
Dipunmirut sapakon.

2
Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung,
Marentahaken hukum adil,
Pramila wajib den emut,
Sapa tan anut ing Gusti,
Mring parentahe Sang Katong.

3
Aprasasat batali karsa Hyang Agung,
Mulane babo wong urip,
Saparsa ngawuleng Ratu,
Kudu eklas lair batin,
Aja nganti nemu ewoh.

4
Ing wurine yen ati durung tuwajuh,
Angurta aja angabdi,
Becik ngidunga karuhun,
Aja age-age ngabdi,
Yen durung eklas ing batos.

5
Angur angidungan bae nora ewuh,
Lan nora nana kang ngiri,
Mung mungkul pakaryanipun,
Nora susah tungguk kemit,
Seba mapan nora nganggo.

6
Mung yen ana tontonan nonton neng lurung,
Glindang-glindung tanpa keris,
Sarwi mbanda tanganipun,
Kemul bebede sasisih,
Andhodhok pinggiring bango

7
Suprandene jroning tyas anglir tumenggung,
Mengku bawat Senen Kemis,
Mankono iku liripun,
Nora kaya wong ngabdi,
Wruh ing plataran Katong.
8
Lan keringan sarta ana aranipun,
Lan ana lungguhe ugi,
Ing salungguh-lungguhipun,
Nanging ta dipun pakeling,
Mulane pinardi kang wong.

9
Samubarang ing karsaning Sang Ratu,
Sayekti kudu nglakoni,
Sapalakartine iku,
Wong kang padha-padha ngabdi,
Pagaweyane pan saos.

10
Kang nyantana bupati – matri – panewu,
Kaliwon paneket miji,
Panalawe lan panajung,
Tanapi para prajurit,
Lan kang nambut karyeng katong.

11
Kabeh iku kuwajiban sebanipun,
Ing dino kang amarengi,
Wiyosira sang Prabu,
Sanadyan tan miyos ugi,
Pasebane aja towong.

12
Ingkang lumrah yen kerep sebo wong iku
Nuli ganjaran den incih,
Yen tan oleh nuli mutung,
Iku sewu-sewu sisip,
Yen wus mangarti ingkang wong.

13
Tan mangkono etunge kang sampun weruh,
Mapan ta datan denpikir,
Ganjaran pan wis karuhun
Amung naur sihing Gusti,
Winales ing lair batos.

14
Setya tuhu saprentah pan manut,
Ywa lenggana karseng Gusti,
Wong ngawula pamanipun,
Lir sarah munggeng jaladri,
Darma lumaku sapakon.

15
Dene begja cilaka utawa luhur,
Asor iku pan wus pasthi,
Ana ing badanireku,
Aja sok anguring-uring,
Marang gusti sang akatong.

16
Mundhak ngakehaken ing luputireku,
Mring Gusti tuwin Hyang Widdhi,
Dene ta sabeneripun,
Mupusa kalamun pasthi,
Ing badan tan kena menggok.

17
Tulisane lokil-makful rumuhun,
Papancen sawiji-wiji,
Tan kena owah sarambut,
Tulising badan puniki,
Aja na mundur pakewoh.

VII D U R M A

1
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karsanira lestari.

2
Ing pangrawuh lair batin aja mamang,
Yen sira wus udani,
Ing sariranira,
Yen ana kang amurba,
Masesa ing alam kabir,
Dadi sabarang,
Pakaryanira ugi.

3
Bener luput ala becik lawan beja,
cilaka mapan saking,
Ing badan priyangga,
Dudu saking wong liya,
Pramila den ngati-ati,
Sakeh durgama,
Singgahana den eling.

4
Mapan ana sisiku telung prakara,
Nanging gedhe pribadi,
Pan iki lilira,
Ingkang telung prakara,
Aja anggunggung sireki,
Kalawan aja,
Nacat kepati pati.

5
Lawan aja mamaoni barang karya,
Thik-ithik mamaoni,
Samubarang polah,
Tan kena wong kumlebat,
Ing mangsa mengko puniki,
Mapan wus lumrah,
Padha wasis maoni.

6
Mung tindake dhewe nora winaonan,
Ngrasa bener pribadi,
Sanadyan benera,
Yen tindake wong liya,
Pesthine ingaran sisip,
Iku kang lumrah,
Nganggo bener pribadi.

7
Nora nana panggawe kang luwih gampang,
Kaya wong mamaoni,
Sira ling-elinga,
Aja sugih waonan,
Den samya raharjeng budi,
Ingkang prayoga,
Singa-singa kang lali.

8
Ingkang eling angeling-ena ya marang,
Sanak kanca kang lali,
Den nedya raharja,
Mangkana tindakira,
Yen datan kaduga kaduga uwis,
Teka menenga,
Aja sok angrasani.

9
Nemu dosa anyela sapadha-padha,
Dene wong ngalem ugi,
Yen durung tetela,
Ing beciking manungsa,
Aja age nggunggung kaki,
Menek tan nyata,
Dadi cirinireki.

10
Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya,
Yen ana den senengi,
Ing pangalemira,
Pan kongsi pandirangan,
Matane kongsi mandelik,
Nadyan alaa,
Ginunggung becik ugi.

11
Aja gelem aja mada nora bisa,
Yen uga jaman mangkin,
Iya samubarang,
Yen ora sinenengan,
Den poyok kapati-pati,
Nora prasaja,
Sabarang kang den pikir.

12
Ngandhut rukun becike ngarepan kewala,
Ing wuri angarsani,
Ingkang ora-ora,
Kabeh kang rinasanan,
Ala becik den rasani,
Tan parah-parah,
Wirangronge gumanti.

VIII WIRANGRONG

1
Den samya marsudeng budi,
Wiweka dipun waspaos,
Aja dumeh bisa muwus,
Yen tan pantes ugi,
Sanadya mung sekecap,
Yen tan pantes prenahira.

2
Kudu golek mangsa ugi,
Panggonan lamun miraos,
Lawan aja age sira muwus,
Durunge den kaesthi,
Aja age kawedal,
Yen durung pantes rowangnya.

3
Rowang sapocapan ugi,
Kang pantes ngajak calathon,
Aja sok metuwo wong celathu,
Ana pantes ugi,
Rinungu mring wong kathah,
Ana satengah micara.

4
Tan pantes akeh ngawruhi,
Mulane lamun miraos,
Dipun ngarah-arah ywa kabanjur,
Yen sampun kawijil,
Tan kena tinututan,
Mulane dipun prayitna

5
Lan welinge wong ngaurip,
Aja ngakehken supaos,
Iku gawe reged badanipun,
Nanging masa mangkin,
Tan na etungan prakara,
Supata ginawe dinan.

6
Den padha gemi ing lathi,
Aja ngakehke pepisoh,
Cacah cucah srengen ngabul-abul,
Lamun andukani,
Den dumeling dosanya,
Mring abdi kang manggih duka.

7
Lawan padha den pakeling,
Teguhena lahir batos,
Aja ngalap randhaning sedulur,
Sanak miwah abdi,
Kanca rewang sapangan,
Miwah maring pasanakan.

8
Gawe salah graitani,
Ing liyan kang sami anom,
Nadyan lilaa lanangipun,
Kang angrungu elik,
Ing batin tan pitaya,
Mangsa kuranga wanodya.

9
Tan wurung dipun cireni,
Ing batin ingaran rusoh,
Akeh jaga-jaga jroning kalbu,
Arang ngandel batin,
Ing tyase padha suda,
Pangandele mring bendara.

10
Ana cacat agung malih,
Anglangkungi saking awon,
Apan sakawan iku keh ipun,
Dhingin wong madati,
Pindho wong ngabotohan,
Kaping tiga wong durjana.

11
Kaping sakawane ugi,
Wong ati sudagar awon,
Mapan suka sugih watekipun,
Ing rina lan wengi,
Mung batine den etang,
Alumuh lamun kalonga.

12
Iku upamane ugi,
Duwe dhuwit pitung bagor,
Mapan nora marem ing tyasipun,
Ilanga sadhuwit,
Gegetun patang warsa,
Padha lan ilang saleksa.

13
Wong ati sudagar ugi,
sabarang prakara tamboh,
Amung yen ana wong teka iku,
Anggegawa ugi,
Gagadhen pan tumranggal,
Ulate teka sumringah.

14
Dene wong durjana ugi,
Nora ana den batos,
Rina wengi amung kang den etung,
Duweke liyan nenggih,
Dahat datan prayoga,
Kalamun watek durjana.

15
Dene bebotoh puniki,
Sabarang pakaryan emoh,
Lawan kathah linyok para padhu,
Yen pawitan enting
Tan wurung anggagampang,
Ya marang darbeking sanak.

16
Nadyan wasiyating kaki,
Nora wurung dipun edol,
Lamun menang endang gawe angkuh,
Pan kaya bupati,
Weweh tan ngarah-arah,
Punika awoning bangsat.

17
Kabutuh pisan mamaling,
Tinitenan saya awon,
Apan boten wonten panedi nipun,
Pramilane sami,
Sadaya nyinggahana,
Anggugulang ngabotohan.

18
Dene ta wong kang madati,
Kesade kamoran lumoh,
Amung ingkang dadi seneng ipun,
Ngadhep diyan sarwi,
Linggih ngamben jejegang,
Sarwi leyangan bebuden.

19
Yen leren nyeret adhedhis,
Netrane pan merem karo,
Yen wus ndadi awake akuru,
Cahya biru putih,
Njalebut wedi toya,
Lambe biru untu pethak.

20
Beteke satron lan gambir,
Jambe suruh arang wawoh,
Ambekane sarwi melar mingkus,
Atuke anggigil,
Jalagra aneng dhadha,
Tan wurung ngestob boliro.

21
Yen mati nganggo ndalinding,
suprandene nora kapok,
Iku padha singgahana patut,
Aja na nglakoni,
Wong mangan apyun ala,
Uripe dadi tontonan.

22
Iku kabeh nora becik,
Aja na wani anganggo,
Panggawe patang prakara iku,
Den padha pakeling,
Aja na wani nerak,
Kang wani nerak tan manggih arja.

23
Lawan ana waler malih,
Aja sok anggung kawuron,
Nginum sajeng tanpa mangsa iku,
Endi lire ugi,
Angombe saben dina,
Pan iku watake ala.

24
Kalamun wong wuru ugi,
Ilang prayitnaning batos,
Nora ajeg barang pikiripun
Elinge ing pati,
Pan baliyar baliyar,
Endi ta ing becik ira

25
Lan aja karem sireki,
Ing wanodya ingkang awon,
Lan aja mbuka wadi sireku,
Ngarsaning pawestri,
Tan wurung nuli corah,
Pan wis lumrahing wanita.

26
Tan bisa simpen wawadi,
Saking rupake ing batos,
Pan wus pinanci dening Hyang agung,
Nitahken pawestri,
Apan iku kinarya,
Ganjaran marang wong priya.

27
Kabeh den padha nastiti,
Marang pitutur kang yektos,
Aja dumeh tutur tanpa dapur,
Yen bakale becik,
Den anggo weh munfangat,
Kaya Pucung lan kaluwak.

IX   P U C U N G

1
Kamulane kaluwak nom-nomanipun,
Pan dadi satunggal,
Pucung arane puniki,
Yen wus tuwa kaluwake pisah-pisah.

2
Den budia kepriye ing becikipun,
Aja nganti pisah,
Kumpula kaya enome,
Anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

3
Aja kaya kaluwak enome kumpul,
Basa wis atuwa,
Ting salebar dhewe-dhewe,
Nora wurung bakal dadi bumbu pindhang.

4
Wong sadulur nadyan sanak dipun rukun,
Aja nganti pisah,
Ing samubarang karsane,
Pada rukun dinulu teka prayoga.

5
Abot enteng wong duwe sanak sadulur,
Enthenge yen pisah,
Pikire tan dadi siji,
Abotipun lamun biyantu ing karsa.

6
Luwih abot wong duwe sanak sadulur,
Ji tus tandingira,
Yen golong sabarang pikir,
Kacek uga lan wong kang tan sugih sanak.

7
Lamun bener lan pinter pamomonganipun,
Kang ginawe tuwa,
Aja nganggo abot sisih,
Dipun padha pamengkune mring sentana.

8
Mapan ewuh wong tinitah dadi sepuh,
Tan kena gumampang,
Iya marang sadulure,
Tuwa nenom aja beda traping karya.

9
Kang saregep kalawan ingkang malincur,
Padha den kawruhana,
Sira alema kang becik,
Kang malincur age sira bendonana.

10
Yen tan mari binendon nggone malincur,
Age tinatrapan,
Sapantese lan dosane,
Pan sentana dimene dadi tuladha.

11
Lan wong liya darapon wedia iku,
Kang padha ngawula,
Ing batine wedi asih,
Pan mangkono labuhan wong dadi tuwa.

12
Den ajembar den amot den amengku,
Den pindha segara,
Tyase ngemot ala becik,
Mapan ana pepancene sowang-sowang.

13
Pan sadulur tuwa kang wajib pitutur,
Marang kang taruna,
Kang anom wajibe wedi,
Dipun manut wuruke sadulur tuwa.

14
Kang tinitah dadi anom aja mesgul,
Batin rumangsaa,
Yen wis titahing Hyang Widdhi,
Yen mesgula ngowahi kodrating Suksma.

15
Nadyan bener yen wong anom dadi luput,
Yen ta anganggoa
Ing pikirira pribadi,
Pramilane wong anom aja ugungan.

16
Yen dadi nom den weruh ing enomipun
Dene ingkang tuwa,
Den kaya banyu ing beji,
Den awening paningale aja samar.

17
Lawan maning ana ing pitutur ingsun,
Yen sira amaca,
Layang sabarang layange,
Aja pijer katungkul ningali sastra.

18
Caritane, ala becik dipuweruh,
Nuli rasakena,
Layang iku saunine,
Den karasa kang becik sira anggoa.

19
Ingkang ala, kawruh ana alanipun,
Dadine tyas ira,
Weruh ala lawan becik,
Ingkang becik wiwitane sira wruha.

20
Wong kang laku mangkana wiwitanipun,
Becik wekasanya,
Wong laku mangkana wite,
Ing satemah puniku pan dadi ala.

21
Ing sabarang prakaran dipun kadulu,
Wiwitan wekasan,
Bener lan lupute kesthi,
Ana becik wekasane dadi ala.

22
Dipun weruh iya ing kawulanipun,
Kalawan wekasan,
Punika dipun kaliling,
Ana ala dadi becik ing wekasan.

23
Ewuh temen babo wong urip puniku,
Apan nora kena,
Kinira-kira ing budi,
Arang mantep wijiling basa raharja.

X  M I J I L

1
Pomo kaki padha dipun eling,
Ing pitutur ingong,
Sira uga satriya arane,
Kudu anteng jatmika ing budi,
Ruruh sarta wasis,
Samubarang ipun.

2
Lan den nedya prawira ing batin,
Nanging aja katon,
Sasabana yen durung mangsane,
Kekendelan aja wani mingkis,
Wiweka ing batin,
Den samar den semu.

3
Lan den sami mantep maring becik,
Lan ta wekas ingong,
Aja kurang iya panrimane,
Yen wis tinitah maring Hyang Widhi,
Ing badan puniki,
Wus pepancenipun.

4
Ana wong narima wus titahing,
Hyang pan dadi awon,
Lan ana wong tan nrima titahe,
Ing wekasan iku dadi becik,
Kawruhana ugi,
Aja salang surup.

5
Yen wong bodho kang tan nedya ugi,
Tatakon tetiron,
Anarima ing titah bodhone,
Iku wong narima nora becik
Dene ingkang becik,
Wong narima iku.

6
Kaya upamane wong angabdi,
Amagang Sang Katong,
Lawas-lawas ketekan sedyane,
Dadi mantri utawa bupati,
Miwah saliyane,
Ing tyase panuju.

7
Nuli narima trusing batin,
Tan mengeng ing Katong,
Tan rumasa ing kanikmatane,
Sihing gusti tekeng anak rabi,
Wong narima becik,
Kang mangkono iku.

8
Nanging arang ing mangsa samangkin,
Kang kaya mangkono,
Kang wis kaprah iyo salawase,
Yen wis ana linggihe sathithik,
Apan nuli lali,
Ing wiwitanipun.

9
Pangrasane duweke pribadi,
Sabarang kang kanggo,
Nora eling ing mula mulane,
Witing sugih sangkaning amukti,
Panrimaning ati,
Kaya nggone nemu.

10
Tan rumasa murahaning Hyang Widdhi,
Jalaran Sang Katong,
Ing jaman mengko iya mulane,
Arang turun wong lumakweng kardi,
Tyase tan saririh,
Kasusu ing angkuh.

11
Arang kang sedya amales ing sih,
Ing Gusti Sang Katong,
Lawan kabeh iku ing batine,
Tan anedya narima ing Widdhi,
Iku wong kang tan wrih,
Ing nikmat ranipun.

12
Wong kang tan narima dadi becik,
Titahing Hyang Manon,
Iki uga iya ta rupane,
Kaya wong kang angupaya ngelmi,
Lan wong sedya ugi,
Kapinteran iku.

13
Uwis pinter nanging iku maksih,
Nggonira ngupados,
Ing undhake ya kapinterane,
Utawa unggahing kawruh yekti,
Durung marem batin,
Lamun durung tutug.

14
Ing pangrawuh ingkang den senengi,
Kang wus seming batos,
Miwah ing kapinteran wus dene
Ing samubrang pakaryan uwis,
Nora nganggo lali,
Kabeh wus kawengku.

15
Yen wong kang kurang narima ugi,
Iku luwih awon,
Barang gawe aja age-age,
Anganggowa sabar lawan ririh,
Dadi barang kardi,
Resik tur rahayu.

16
Lan maninge babo denpakeling,
Ing pitutur ingong,
sira uga padha ngempek empek,
Iya marang kang jumeneng Aji,
Lair ing myang batin,
Den ngarsa kawengku.

17
Kang jumeneng iku kang mbawani,
Wus karsaning Manon,
Wajib padha wedi lan bektine,
Aja mampang perentahing Aji,
Nadyan anom ugi,
Lamun dadi Ratu.

18
Nora kena iya den waoni,
Parentahing Katong,
Dhasar Ratu bener parentahe,
Kaya priye nggonira sumingkir,
Yen tan anglakoni,
Pasti tan rahayu.

19
Nanging kaprah ing mangsa puniki,
Anggepe angrengkoh,
Tan rumangsa lamun ngempek empek,
Ing batine datan nedya eling,
Kamuktene iki,
Ngendi sangkanipun.

20
Yen elinga jalarane mukti,
Pasthine tan ngrengkoh,
Saking batin durung ngrasakake,
Ing pitutur ingkang dingin-dingin,
Dhasar tan praduli,
Wuruking wong sepuh.

21
Ing dadine barang tindak iki,
Arang ingkang tanggon,
Saking durung ana landhesane,
Nganggo ing karsanira pribadi,
Ngawag barang kardi,
Dadi tanpa dhapur.

22
Mulane ta wekas ingsun iki,
Den kerep tatakon,
Aja isin ngatokken bodhone,
Saking bodho witing pinter ugi,
Mung Nabi kakasih,
Pinter tan winuruk.

23
Sabakdane pan tan ana ugi,
Pintere tatakon,
Mapan lumrah ing wong urip kiye,
Mulane wong anom den taberi,
Angupaya ngelmi,
Dadia pikukuh.

24
Ing driyanira dadi tatali,
Ing tyas dimen adoh,
Sakehing ati kang ala kiye,
Nadyan lali ya pan nuli eling,
Yen wong kang wus ngelmi,
Kang banget tuwajuh.

25
Kacek uga lan kang tanpa ngelmi,
Sabarange kaot,
Dene ngelmu iku ingkang kangge,
Sadinane gurokno kariyin,
Pan sarengat ugi,
Parabot kang perlu.

26
Ngelmu sarengat puniku dadi,
Wawadhah kang yektos,
Kawruh tetelu kawengku kabeh,
Pang sarengat kanggo lair batin,
Mulane den sami,
Brangtaa ing ngelmu.

XI ASMARANDANA

1
Padha netepana ugi,
kabeh parentahing sarak,
terusna lair batine,
salat limang wektu uga,
tan kena tininggala,
sapa tinggal dadi gabug,
yen misih remen neng praja.

2
Wiwitana badan iki,
iya saking ing sarengat,
anane Manusa kiye,
rukun Islam kang lilima,
nora kena tininggal,
iku parabot linuhung,
mungguh wong urip neng dunya.

3
Kudu uga den lakoni,
rukun lilima punika,
mapan ta sakuwasane,
nanging aja tan linakyan,
sapa tan ngalakonana,
tan wurung nemu bebendu,
padha sira estokeno.

4
Parentahira Hyang Widdhi,
kang dhawuh mring Nabiyullah,
ing Dalil Kadis enggone,
aja na ingkang sembrana,
rasakna den karasa,
Dalil Khadis rasanipun,
dadi padhang ing tyasira.

05
Nora gampang wong ngaurip,
yen tan weruh uripira,
uripe padha lan kebo,
angur kebo dagingira,
khalal lamun pinangan,
yen manungsa dagingipun,
pinangan pastine kharam.

06
Poma-poma wekas mami,
anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
banget paes neng dunya,
siang dalu dipun emut,
wong urip manggih antaka.

07
Lawan aja angkuh bengis,
lengus lanas calak lancang,
langar ladak sumalonong,
aja ngidak aja ngepak,
lan aja siya-siya,
aja jahil dhemen padu,
lan aja para wadulan.

08
Kang kanggo ing mamgsa mangkin,
priyayi nom kang den gulang,
kaya kang wus muni kuwe,
lumaku temen kajenan,
tan nganggo etung murwat,
lunga mlaku kukudhung sarung,
anjaluk dendhodhokana.

09
Pan tanpa kusur Sayekti,
satriya tan wruh ing tata,
ngunggulaken satriyane,
yen na ngarah dhinondhokan,
anganggoao jajaran,
yen niyat lunga anyamur,
aja ndhodhoken manungsa……………..

10.
Iku poma dipun eling,
Kaki mring pitutur ingwang,
Kang wus muni mburi kuwe,
Yen ana ingkang nganggoa,
Cawangan wong mbelasar,
Saking nora ngrungu tutur,
Lebar tan dadi dandanan.

11.
Barang gawe dipun eling,
Nganggoa tepa salira,
Perentah lan sabenere,
Aja ambek kumawana,
Amrih den wedenanan,
Dene ta wong kang wus luhung,
Nggone amengku mring bala.

12.
Den prih wedi sarta asih,
Pamengkune maring wadya,
Wineruhena ing gawe,
Den bias aminta-minta,
Karyane wadyanira,
Ing salungguh- lungguhipun,
Ana karyane priyongga.

13.
Sarta weruhna ing becik,
Gantungana ing tatrapan,
Darapon pethel karyane,
Dimene aja sembrana,
Anglakoni ing karya,
Ywa dumeh asih sireku,
Yen leledha tatrapana.

14.
Nadyan sanak sanak ugi,
Yen leledha tinatrapan,
Murwaten lawan sisipe,
Darapon pada wedia,
Ing wuri ywa leledha,
Ing dana kramanireku,
Aja pegat den warata.

15.
Lan maninga suta mami,
Mungguh anggep wong ngawula,
Den suka sukur ing batos,
Aja pegat ing panedha,
Mring Hyang Kang Misesa,
Ing raina wenginipun,
Mulyaning Negara tata.

16.
Iku uga den pakeling,
Kalamun mulya ing praja,
Mupangati mring wong akeh,
Ing rina wengi ywa pegat,
Nenedha mring pangeran,
Tuluse karaton prabu,
Miwah harjaning nagara.

17.
Iku wawalesing batin,
Mungguh wong suwiteng nata,
Ing lair setya tuhune,
Lawan cecadhang sakarsa,
Badan datan lenggana ,
Ing siyang dalu pan katur,
Pati uriping kawula.

18.
Gumantung kersaning Gusti,
Iku traping wadya setya,
Nora kaya jaman mangke,
Yen wis oleh kalungguhan,
Trape kaya wong dagang,
Ngetung tuna bathinipun,
Ing tyase datan rumongsa.

19.
Uwite dadi priyayi,
Sapa kang gawe mring sira,
Nora weruh wiwitane,
Iya weruhe witira,
Dadi saking ruruba,
Mulane ing batinipun
Pangetunge lir wong dagang.

20.
Pikire gelisa pulih,
Rurubane duk ing dadya,
Ing rina wengi ciptane,
Kepriye lamun bisoa,
Males sihing bendara,
Linggihe lawan tinuku,
Tan wurung angrusak desa.

21.
Pamrihe gelisa bathi,
Nadyan mbesuk denpocota,
Duwekke sok wisa puleh,
Kapriye lamun tataa,
Polahe salang tunjang,
Phada kaya wong bubruwun,
Tan etung duga prayoga.

22.
Poma padha dipun eling,
Nganggoa sukur lan nrima,
Narima ing sapancene,
Lan aja amrih sarana,
Mring wadya nandhang karya,
Lan padha amriha iku,
Harjaning kang desa-desa.

23.
Wong desa pan aja nganti,
Ewuh nggone nambut karya,
Sesawah miwah tegale,
Nggaru maluku tetepa,
Aja den ulah-ulah,
Dimenne tulus nenandur,
Pari kapas miwah jarak.

24.
Yen wong desa keh wongneki,
Ingkang bathi mesti sira,
Wetune pajek undhake,
Dipun reh-reh pamrihira,
Aja nganti rekasa,
Den wani kalah rumuhun,
Beya kurang paringana.

25.
Kepriye gemahe ugi,
sakehe kang desa-desa,
Salin bekel pendak epon,
Pametune jung sacacah,
Bektine karobelah,
Satemah desane suwung,
Priyayi jaga pocotan.

26.
Poma aja anglakoni,
Kaya pikir kang mangkana,
Tan wurung lingsem temahe,
Den padha angestokena,
Mring pitutur kang arja,
Nora nana alanipun,
Wong nglakoni kabecikkan.

27.
Nom-noman samengko iki,
Yen den pituturi arja,
Arang kang angrungokake,
Den slamur asasembranan,
Emoh yen anirua,
Malah males apitutur,
Pangrasane uwis wignya.

28.
Aja ta mangkono ugi,
Yen ana wong cacarita
Rungokena saunine,
Ingkang becik sira nggoa,
Buwangen ingkang ala,
Anggiten sajroning kalbu,
Ywa nganggo budi nom-noman.

XII  S I N O M

1.
Ambege kang wus utama,
Tan nggendak gunaning janmi,`
Amiguna ing aguna,
Sasolahe kudu bathi,
Pintere den alingi,
Bodhone dinokok ngayun,
Pamrihe den inaa,
Aja na ngarani bangkit,
Suka lila den ina sapadha-padha.
2.
Ingsun uga tan mangkana,
Mbalilu kang sun alingi,
Kabisan sun dekek ngarsa,
Isin menek den arani,
Mbalilu ing sujanmi,
Nanging batiningsun cubluk,
Parandene jroning tyas,
Lumaku ingaran wasis,
Tanpa ngrasa prandene sugih carita
3.
Tur duk ingsun maksih bocah,
Akeh kang mituturi,
Lakuning wong kuna-kuna,
Lelabetan ingkang becik,
Miwah carita ugi,
Kang kajaba saking ngebuk,
Iku kanga ran kojah,
Supradene ingsun iki,
Teka nora nana undhaking kabisan.
4.
Carita nggoningsun nular,
Wong tuwa kang momong dhingin,
Akeh kang sugih carita,
Sun rungokken rina wengi,
Samengko maksih iling,
Sawise dewasa ningsun,
Bapak kang paring wulang,
Miwah ibu mituturi,
Tata-krama ing pratingkah kang  raharja
5.
Nanging pada ngestokena,
Pitutur kang muni tulis,
Yen sira nedya raharja,
Anggonen pitutur iki,
Nggoningsun ngiling-iling,
Pitutur wong sepuh-sepuh,
Muga pada bisaa,
Anganggo pitutur becik,
Ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
6.
Lan ja ana lali padha,
Mring leluhur ingkang dingin,
Satindake den kawruhan,
Angurangi dhahar guling,
Nggone ambanting diri,
Amasuh sariranipun,
Temune kang sinedya,
Mungguh wong nedha ing Widi,
Lamun temen lawas enggale tinekan.
7.
Pangeran kang sipat murah,
Njurungi kajating dasih,
Ingkang temen tinemenan,
Pan iku ujaring dalil,
Nyatane ana ugi,
Iya Ki Ageng ing Tarub,
Wiwitane nenedha,
Tan pedot tumekeng siwi,
Wayah buyut canggah warenge kang tompa.
8.
Penembahan SenaPatya,
Kang jumeneng ing Matawis,
Iku kepareng lan mongsa,
Dhawuh nugrahaning Widi,
Saturune lestari,
Saking berkate leluhur,
Mrih tulusing nugraha,
Ingkang kari-kari,
Wajib uga anirua lakunira.
9.
Mring luhur ing kuna-kuna,
Anggone ambanting dhiri,
Iya sakuwasanira,
Sakuwate anglakoni,
Nyegah turu sathithik,
Sarta nyuda dhaharipun,
Paribara  bisoa ,
Kaya ingkang dhingin dhingin,
Atirua sapratelon saprapatan.
10.
Ana ta silih bebasan,
Padha sinau-a ugi.
Lara sajroning kepenak,
Suka sajroning prihatin
Lawan ingkang prihatin,
Mapan suka ing jronipun
Iku den sinau-a,
Lan mati  sajroning ngaurip
Ing wong kuna pan mangkono kang den gulang.
11.
Pamoring gusti kawula,
Pan iku ingkang sayekti,
Dadine sotya ludira,
Iku den waspada ugi,
Gampangane ta kaki,
Tembaga lawan mas iku,
Linebur ing dahana,
Luluh amor dadi siji
Mari nama kencana miwah tembaga
12.
Ingaranana kencana,
Pan wus kamoran tembagi
Ingaranana tembaga,
Wus kamoran kencana di,
Mila dipun wastani,
Mapan wus suwasa puniku
Pamore mas tembaga,
Pramila namane salin
Lan rupane sayekti puniku beda
13.
Cahya abang tutur jenar,
Punika suwasa murni,
Kalamun gawe suwasa,
Tembagane nora becik,
Pambesote tan resik,
Utawa nom emasipun,
Iku dipun bandhinga,
Sorote pesthi tan sami,
Pan suwasa bubul arane punika .
14.
Yen arsa karya suwasa,
Darapon dadine becik,
Amilihana  tembaga,
Oleha tembaga prusi,
Binesot ingkang resik,
Sarta mase ingkang sepuh,
Resik tan kawoworan,
Dhasar sari pasthi
Dadi iku kena ingaran suwasa mulya.
15.
Puniku mapan upama,
Tepane badhan puniki
Lamun arsa ngawruhana,
Pamore kawula gusti
Sayekti kudu resik,
Aja katempalan napsu
Luwamah lan amarah,
Sarta suci lair batin
Dadimene sarira bisoa tunggal
16.
Lamun ora mangkonoa,
Sayektine nora dadi,
Mungguh ngelmu ingkang nyata,
Nora kena den sasabi,
Ewuh gampang sayekti,
Puniku wong duwe kawruh,
Gampang yen winicara,
Angel yen durung marengi,
Ing wektune binuka jroning wardaya.
17.
Nanging ta sabarang karya,
Kang kinira dadi becik
Pantes den  telatenana,
Lawas-lawas mbok pinanggih,
Den mantep jroning  ati,
Ngimanken tuduhinh guru,
Aja uga bosenan,
Kalamun arsa  utami,
Mapan ana dalile kang wus kalakyan.
18.
Para leluhur sadaya,
Nggone nenedha mring Widdhi,
Bisoa mbaboni praja,
Dadi ugere rat Jawi,
Saking telaten ugi,
Enggone katiban wahyu,
Ing mula-mulanira,
Lakuning leluhur dingin
Andhap asor anggone anamur lampah.
19.
Tapane nganggo elingan,
Pan sami alaku tani,.
Iku kang kinarya sasab,
Pamrihe aja katawis,
Ajubriya lan kibir,
Sumungah ingkang siningkur
Lan endi kang kanggonan,
Wahyuning karaton Jawi
Tinempelan anggenipun angawula.
20.
Puniku laku utama,
Tumindak sarta kekelir,
Nora ngatingalken lampah,
Wadine kang den alingi
Panedyane ing batin,
Pan jero pangarahipun,
Asore ngelmu rasa,
Prayoga tiniru ugi,
Anak putu aja na tinggal lanjaran.
21
Lawan ana kang wasiat ,
Prasapa kang dingin-dingin,
Wajib pada kawruha,
Mring anak putu kang kari,
Lan aja nakang kari,
Anerak wewaleripun,
Marang luluhur pada,
Kang minulyakken ing wibhi,
Muga-muga mupangatana ing darah.
22.
Lawan ana kang prasapa,
Kiageng Tarub ing weling,
Ing satedak turunira,
Tan rinilan nganggo keris,
Miwah waos tan keni,
Kang awak waja puniku,
Lembu tan kena dhahar,
Daginge lan ora keri,
Angingua marang wong  wandhan tan kena.
23.
Dene ki Ageng Sesela,
Prasapane ora keni,
Ing satedak turunira,
Nyamping cinde den waleri,
Kalawan nora keni,
Ing ngarepan nandur waluh,
Wohe tan kena mangan,
Panembahan Senapati,
Ing ngalaga punika ingkang prasapa..
24.
Ing satedak turunira,
Mapan ora den lilani,
Nitih kudha ules napas,
Lan malih dipun waleri,
Nitih turangga  ugi,
Kang kekoncen surinipun,
Dhahar ngungkurken lawang,
Ing wuri tanna nunggani,
Dipun emut aja na nerak prasapa.
25.
Jeng Sultan Agung mataram,
Prasapane nora keni,
Mring tedake yen nitia,
Jaran bendana yen jurit,
Nganggo waos tan keni,
Kang landeyan kayu wergu,
Lan tan ingaken darah,
Yen tan bisa tembang kawi,
Pan prayoga satedhakke sinaua.
26.
Jeng sunan Pakubuwana,
Kang jumeneng ing Samawis,
Kundur madeg Kartasura,
Prasapanipun tan keni,
Nenggih kalamun nitih,
Dwipangga saturunipun,
Sunan Prabu Mangkurat,
Waler mring saturuneki,
Tan linilan  ngujung astana ing Betah.
27.
Lawan tan kena nganggoa,
Dhuwung sarungan tan mawi,
Kandelan yen nitih kudha,
Kabeh aja na kang lali,
Lan aja na nggegampil,
Puniku prasapanipun,
Nenggih njeng Susuhunan,
Pakubuwana kaping kalih,
Mring satedhak turunira linarangan.
28.
Mangan apyun nora kena,
Sineret tan den lilani,
Inguntal pan linarangan,
Sapa kang wani nglakoni,
Nerajang wewaler iki,
Yen nganti kalebon apyun,
Tan kena ing prasapa,
Jinabakken tedhak neki,
nJeng Susunan ingkang sumare Nglaweyan.
29.
Prasapa nJeng Susuhunan,
Pakubuwana kaping Tri,
Mring satedak turunina,
Mapan datan den lilani,
Agawe andel ugi,
Wong kang seje jinisipun,
Puniku linarangan,
Anak putu wuri-wuri,
Aja na kang wani nrajang  prasapa.
30.
Wonten waler kaliwatan,
Saking leluhur kang dhingin,
Linarangan hangambaha ,
Wana krendawahaneki
Dene kang amaleri,
Sang dananjaya ing dangu,
Lan malih winaleran,
Kabeh tedake Matawis,
Yen dolana ing wana Rami tan kena.
31.
Dene sisirikanira ,
Yen  tedhak ing Demak Ugi,
Anganggo wulung tan kena,
Lawan ta kang nyirik malih
Bebet lonthang tan kena,
Kalamun tedhak Madiun,
Lan Payung dhandhan abang,
Tedhak Medura tan keni
Nganggo poleng lan bathikan parang rusak.
32.
Tedhak ing kudus tan kena,
Adhahara daging sapi,
Tedhaking sumenep ika,
Nora kena ajang piring
Watu pan datan keni,
Dhahar kidang dagingipun,
Mapanta linarangan,
Godhong palasa kinardi,
Ajang mangan pan puniku nora kena.
33.
Kabeh anak putu padha,
Iling-ilingen ywa lali,
Prasapa kang kuna-kuna,
Walering luluhur dhingin,
Estokna ing jro ngati,
Aja nganti nemu dudu,
Kalamun wani nerak,
Pasthi tan manggih basuki,
Sinom salin girisa ingkang atampa.

XIII GIRISA

1.
Anak putu den estokna,
Warah wurukke si Bapa,
Aja na ingkang sembrana,
Marang wuruke wong tuwa,
Ing lair batin den bisa,
Anganggo wuruking bapa,
Ing tyas den padha santosa ,
Teguhena jroning nala.

2.
Aja na kurang panrima,
Ing papasthene sarira
Yen saking Hyang Maha Mulya,
Nitahkeng badanira,
Lawan dipun awas uga,
Asor luhur waras lara,
Tanapi begja cilaka,
Urip tanapi antaka

3.
Iku saking ing Hyang Suksma,
Miwahta ing umurira,
Kang cendhak lawan kang dawa,
Wus pinasthi mring Hyang Suksma,
Duraka yen maidoa,
Miwah kuranga panrima,
Ing lochil mahfule kana,
Tulisane pan wis ana

4.
Yogya padha kawruhana,
Sisikune badhanira,
Ya marang Hyang Maha Murba,
Kang misesa marang sira,
Yen sira durung uninga,
Prayoga atetakana,
Mring kang padha wruhing makna,
Iku kang para Ulama.

5.
Kang wus wruh rahsaning kitab,
Darapon sira weruha,
Wajib mokaling Hyang Suksma,
Miwah wajibing kawula,
Lan mokale kawruhana,
Miwah ta ing tata karma,
Sarengat dipun waspada,
Batal karam takok ena.

6.
Sunat lan perlu punika,
Pranata nggo saben dina,
Iku kaki dipun pada,
Terang ing pitakonira,
Lan aja bosen jagongan,
Marang kang para ngulama,
Miwah uwong kang sampurna,
Pangawruhe mring Hyang Suksma

7.
Miwah patrap tata-krama,
Ing tindak tanduk myang basa,
Kang tumiba marang nistha,
Tuwin kang tumi-beng madya,
Tanapi tibeng utama,
Iku sira takokena,
Ya marang wong kang sujana,
Miwah ing wong tuwa-tuwa.

8.
Kang padha bisa micara,
Tuwin ingkang ulah sastra,
Iku pantes takonana,
Bisa madhangken tyasira,
Karana ujaring sastra,
Utawa teka carita,
Ingkang kinarya gondelan,
Amurukken mring wong mudha.

9.
Lawan sok kerepa maca,
Sabarang layang carita,
Aja anampik mring layang,
Carita kang kuna-kuna
Layang babad kawruhana,
Caritane luhurira,
Darapon sira weruha,
Lalakone wong prawira.

10.
Miwah lalakon nalika,
Kang para Wali sadaya,
Kang padha oleh nugraha,
Asale saking punapa,
Miwah kang para satriya,
Kang digdaya ing ayuda
Lakune sira tirua,
Lelabetan kang utama.

11.
Nora susah amirungga,
Mungguh lakuning satriya,
Carita kabeh pan ana,
Kang nistha lan kang utama,
Kang asor kang luhur padha,
Miwah lakuning Nagara
Pan kabeh padha carita,
Ala becik sira wruha.

12.
Yen durung mangerti sira,
Caritane takokena,
Ya marang wong tuwa-tuwa,
Kang padha wruh ing carita,
Iku ingkang dadi uga,
Tambah mundhak kapinteran,
Nanging ta dipun elingan,
Sabarang kang kapiyarsa.

13.
Aja na tiru si Bapa,
Banget tuna bodho mudha,
Kethul tan duwe grahita,
Katungkul mangan anendra,
Nanging anak putu padha,
Mugi Allah ambukaa,
Marang ing pitutur yogya,
Kabeh padha anyakepa.

14.
Ing sawewekasing Bapa,
Muga ta kalakonana
Kabeh padha mituruta,
Panedhaningsun mring Suksma
Lanang wadon salameta,
Manggiha suka raharja,
Ing dunya miwah akhirat,
Didohna ing lara raga.

15.
Umure padha dawaa,
Padha atut reruntuta,
Marang sadulure padha,
Padha sugiha barana,
Tanapi sugiha putra,
Pepaka jalu wanodya,
Kalawan maninge aja,
Nganti kapegatan tresna.

16.
Padha uga den pracaya,
Aja sumelang ing nala,
Kabeh pitutur punika,
Mapan wahyuning Hyang Suksma,
Dhawuh mring sira sadaya,
Jalarane saking Bapa,
Hyang Suksma paring nugraha,
Marang anak ingsun padha.

17.
Den bisa nampani padha,
Mungguh sasmitaning Suksma,
Ingkang dawuh marang sira,
Wineruhkan becik ala,
Anyegah karepanira,
Marang panggawe kang ala,
Kang tumiba siya-siya,
Iku paparing Hyang suksma.

18.
Paring peling marang sira,
Tinuduhaken ing marga,
Kang bener kang kanggo uga,
Ing donya ingkang sampurna,
Mugi anak putu padha,
Kenaa dadi tuladha,
Kabecikaning manungsa,
Tinirua ing sujanma.

19.
Sakehing wong kepingina,
Aniru ing solah bawa,
Marang anak putu padha,
Anggepe wedi asiha,
Kinalulutan ing bala,
Kadhepa parentah ira,
Tulusna mukti wibawa,
Ing satedhak turunira.

20.
Dinuhna saking duraka,
Winantua ing nugraha,
Sakeh anak putu padha,
Ingkang ngimanaken uga,
Marang pituture Bapa,
Allah kang nyembadanana,
Ing pandonganingsun iya,
Ing tyas ingsun wus rumasa

21.
Wak ingsun umpama surya,
Lingsir kulon wayah ira,
Cedhak mring surupe uga,
Atebih maring timbulnya,
Pira lawase neng donya,
Ing kauripaning janma,
Mongsa nganti satus warsa,
Iya umuring manungsa.

22.
Mulane sun muruk marang,
Kabeh ing admajaningwang,
Sun tulis sun wehi tembang,
Darapon pada rahapa,
Enggone padha amaca,
Sarta ngrasakken carita,
Aja bosen den apalna,
Ing rina wengi ilinga

23.
Lan mugi pada tirua,
Kaya luluhure padha,
Sudira betah atapa,
Sarta waskitaning nala,
Ing kasampurnaning gesang,
Kang patitis ora mamang,
Iku ta panedhaning wang,
Muga padha kalakana.

24.
Titi tamat kang carita ,
Serat wewaler mring putra,
Kang yasa serat punika,
Nenggih kanjeng Sesuhunan ,
Pakubuwana kaping pat,
Ing galih panedyanira,
Kang amaca kang miyarsa,
Yen lali muga ilinga.

25.
Telasing panuturira,
Sasi Besar ping songolas,
Akat kaliwon taun Dal,
Tata guna swareng Nata,
Mangsastha windu sancaya,
Wuku sungsang kang atampa,
Ya Allah kang luwih wikan,
Obah osiking kawula.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s